Kamis, 20 September 2012

MC Bahasa Jawa


Assalamu’alaikum Wr.Wb
Ingkang tansah sinudharsana ibu bupati kabupaten kebumen
Ingkang pantes sinudharsana bapak ketua pembangunan
Kepala sekolah ingkang kinurmatan
Bapak, ibu guru lan karyawan ingkang kula kurmati
Lan siswa siswi kelas X,XI, lan XII ingkang kula tresnani
Langkung rumiyen mangga kula lan panjenengan sedaya tansah ngucapaken raos syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun saengga wekdal niki kita saged kempal lan nyeksekakaen adicara ngresmikaken gedung sekolah niki.
Shalawat ugi salam mugiyo dipunparingaken dumateng nabi Muhammad saw , keluarganipun, para sahabatipun ugi kaum muslimin ingkang purun kanthi estu nglampahi ajaran islam. Mugiyo kita sedaya kelebet golongan ingkang pikantuk syafa’atipunwonten ing yaumul qiyamah. Amin ya robbal ‘Alamin.
Para rawuh sedaya ingkang kula kurmati
Kaparenga kula minangka pranata adicara badhe ngaturaken runtuting adicara ngresmikaken gedung menika. Runtuting adicara ing wekdal punika inggeh menika :
  1. Adicara angka sepisan pambuka
  2. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, atur pambagyaharja saking kepala SMA Negeri 1 Kebumen
  3. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja saking bapak ketua pembangunan
  4. Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan ingkang hamengku gati saking ibu bupati kabupaten kebumen lan ngresmikake gedung
  5. Minangka pungkasaning adicara  inggih punika panutup
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening adicara peresmian gedung sekolah ing dinten punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT.
Para rawuh ingkang bagya mulya
Minggah adicara ingkang kapisan inggih menika pambuka, mangga kita wiwiti adicara punika kanthi waosan basmalah. Bismillahirahmanni rahiim.
Kita lajengaken adicara ingkang angka kalih inggih menika atur pambagyaharja saking kepala SMA Negeri 1 Kebumen. Dumateng Ibu ................... wekdal dipun sumanggakaken. 
     -------           atur pambagyaharja saking kepala SMA Negeri 1 Kebumen.-------

Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun ibu kepala sekolah SMA Negeri 1 kebumen ingkang sampun kepareng paring pangandikan.

Para rawuh ingkang kula kurmati
Sakderengipun acara ingkang utami yaiku ngresmikaken gedung ingkang InsyaAllah diresmekaken dening ibu bupati. Mangga kita sedaya langkung rumiyen mirengaken , atur pambagyaharja saking bapak ketua pembangunan. Dumateng ingkang kula kurmati Bapak ................., wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.
                             atur pambagyaharja saking kepala pembangunan.
Para rawuh ingkang tansah kinurmatan
Mekaten pangandika saking ketua pembangunan ingkang sampun dipun sampekakaen. Lan adicara salajengipun inggih menika adicara kaping sekawan wedharing pangandikan ingkang hamengku gati saking ibu bupati kabupaten kebumen lan ngresmikake gedung dening ibu bupati. Dumateng ingkang kula kurmati Ibu ............ kula sumanggakaken.
 --------------    atur pambagyaharja lan ngresmikake gedung dening bupati.-----------------
Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun ibu bupati kebumen ingkang sampun kepareng paring pangandikan lan sampun ngresmikaken gedung.
Para rawuh ingkang bagya mulya
Mekaten adicara peresmian gedung sekolah ing wekdal punika. Dipunlajengaken adicara ingkang pungkasan inggih punika panutup.
Lan sakderenge adicara niki kula tutup, kula ingkang mbeta adicara niki, bilih menawi wonten kalepatanipun kula nyuwun agunge pangapunten dumateng panjenengan sedaya. Lan mangga adicara niki kita tutup kelawan waosan hamdalah. Alhamdulillahi rabbil ‘Alamiin.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb







Tidak ada komentar:

Posting Komentar